sholawat menggetarkan hati


Astaghfirullah robbal barooyaa
Astaghfirullah minal khotooyaa
Rabbi zidni ílman naafiáh wa wafiqni ámalan sholihah

Yaa rosululloh samaunálaik
Yaa rofiassani wa daaroji
Atfathayyaji rotal alami
Yaayuhay laljuu diwal karomi 2x

Ngawithi ingsun ngalara syiíran
Kelawan muji maring pangeran
Kang paring rohmad lan kenikmatan
Rino wengine tanpo pitungan 2x

Duh bolo konco prio wanito
Ojo mung ngaji ( syariaát bloko)
Gur pinter dongeng nulis lan moco
Tembe burine bakal sengsoro 2x

Akeh kang apal quran hadise
Seneng ngafirke mareng liane
Kafire dewe gak digatekke
Yen iseh kotor ati akalle 2x

Gampang kebujuk
Nafsu angkoro ing papeasse gebyare dunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nisto 2X

Ayo sedulur
Jo nglaleáke wajibe ngaji sak pratane
Gumendelake iman tauhidte
Bagusse sangu mulyo atine 2x

Kang aran soleh
Bagus atine kerono mapan sangu ilmune
Lagu torekhat lan ma’rifate
Ugo hakekot manjing rasane 2x

Al-quran qodim
Wahyu minulyo tanpo ditulis biso diwoco
Iku wejangan guru was kitho
Den tancep akeh ing jero dodo 2x

Kumantil ati lan pikiran
merasuk ing badan kabeh jeroan
Mukdzijat rasul  dadi pedioman
Minongko dalan manjingi iman 2x

Kelawan allah kang moho suci
Kudhu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati lan diriyadhoi
Dzikir lanb suluk jo nganti lali 2x

Urippe ayem
Rumongso aman dununge rosso tondo yen iman
Sabar nerimo najan pas-pasan
Kabeh dinakdir sangking pangeran 2x

Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang podo rukun ojo disio
Iku sunnahe rasul kang mulyo
Nabi muhammad panutan kito 2x

Ayo ngelakoni sekabehane
Allah kang ngangkat derajate
Senajan ashor toto dhohire
Ananging mulyo maqom drajati 2x

Balastro ing pungkasani
ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang allah suwargo manggone
Uduk mayitte lan ulesse 2x

Yaa rosululloh samaunálaik
Yaa rofiassani wa daaroji
Atfathayyaji rotal alami
Yaayuhay laljuu diwal karomi 2x

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "sholawat menggetarkan hati"

Posting Komentar